kawulo

Foto Saya
PUTRA WAROCK PONOREOG
Jl.Bromo no:38A,Rt 03 Rw 01 Dsn Caru Ds Bajang Kec. Mlarak.Kab.Ponorogo, jawa timur, Indonesia
TEBARKAN PESONA CIPTAKAN SEMANGAT DIRI
Lihat profil lengkapku

SING MELU

TERANG GAMBLANGE KANG ARAN DIRI

a. BAB WUJUD ANYAR, ya wujud daden-daden, utowa momoran.
Pulas kuning diwori pulas biru, mujudake pulas ijo. Maune ora ana pulas ijo. Kang ana : kuning lan biru. Bareng warna kuning lan biru diwor, nganakake : pulas ijo.
Warna ijo pepindhane wujud anyar, ya wujud daden-daden, utawa wujud momoran. Dene warna kuning lan biru iku wujud asal.
Tuladha maneh : maune ora ana wujud kang aran kuningan. Bareng tembaga diwor karo timah sari, banjur dadi kuningan kang digawe paidon kae. Kuningan iku wujud anyar. Kang maune ora ana.
Emas karo tembaga dicampur, dadi suwasa. Suwasa iku wujud anyar.
Gandum diuwor karo gulo, endhog, puwan, uyah kaolah mujudake kuwih, kayata : mari. Kuwih mari iku wujud anyar, yaiku wujud SIJI kang kadadeyan saka dhapukaning adon-adon warna-warna.
Wong kang ora sumurup asal usule, mangka ujug-ujug weruh warna ijo, iya wis mesthi ngira yen warna ijo iku dudu warna anyar. Mangkono uga kuningan, suwasa, kuwih mari, premen, lenga cap burak, sapanunggalane, kabeh rinasa kaya dene wujud asli, tegese kaya-kaya PANCEN WIS ANA MAU-MAUNE kang aran ijo, kuningan, mari sapanunggalane iku.
Saya anggonku ora padha ngira, upama dipratelani, yen : PELEM, KAYU, DAGING, BALUNG, LEMAH…… iku wujud anyar, kang tegese momoran. Mulane ora bisa ngira, awit ora sumurup marang asal usule, weruh-weruh wis dadi kayu, daging, balung. Jer wis ana wiwit kuna-makuna.
Aksara “a, b, c, d, e, ……..” iku siji-sijine kalumpuking garis bengkong lan lenceng ditahk-thukake. Uga momoran.
Kang diarani gendhing, kayata : pangkur, iku klumpuking swara warna-warna, kang ditahk-thukake sarana wangun, (dilaras) mujudake larasan siji (harmoni) banjur dijenengake : pangkur.
Janaka (wayang) iku dhapukaning wewangunan cilik-cilik, ditata, dilaras, mujudake wawangunan siji, kang dijenengake : Janaka.
Rasaning kuwih mari, iku klumpukaning rasa warna-warna, kayata : gurih, legi, asin, buket, mirasa….. kadhapuk, kalaras sarana kataker sawarna-warnane, banjur mujudake RASA SIJI, KANG TEKA ANYAR, jumedhul, utawa sajak tiban saka langit, aran : mari.
Rasaning pelem iya mangkono, dhapuking rasa warna-warna, mujudake rasa SIJI aran rasaning pelem. Ing nguni ora ana kang jeneng : pe + lem. Bareng adon-adon warna-warna tinaker (dening kodrat) kaulet, banjur nganakake wujud anyar SIJI, sajak jumedhul utawa tiba saka langit, arane : pelem, banjur rinasa pantes banget diarani pelem, marga netepi kapelemane.
Kang aran daging, balung, kayu, lemah……. siji-sijine ya kalumpuking wujud warna-warna, kadhapuk sarana kataker dening pangawasa lan ngelmuning Pangeran. Kabeh mau siji-sijine awujud harmoni, momoran, iya daden-daden.
Harmoni cilik-cilik, kalumpukake mujudake harmoni gedhe. Harmoni gedhe-gedhe, klumpuke kang luwih gedhe, sabanjure nganti ora kira-kira gedhene.
Harmoni sawiji, kang jumeneng gedhe-gedhening harmoni, iku kasebut nganggo tembung : ALLAH.
Samubarang kang wis maujud, sanajan iku wujud anyar, kita ora ngira yen iku anyar, kang kadadeyan saka dhapukan. Mangkono maneh samubarang kang wus WUJUD RASA SIJI, kang wis nganggo jeneng, sanajan iku RASA ANYAR, utawa rasa dhapukan, rehne wis maujud SIJI tur mawa aran. —- iku kita banjur lali marang lungguhing anyare, tuwin lungguhing dhapukane.
Sangsaya ora ngira yen kita mikir bab rasa kang diarani RA – SA – NING – WONG.
Kang diarani, UWONG utawa RASANING WONG : iku iya rasa anyar, daden-daden utawa dhapukan, nanging dirasa SI-JI. Iku ora beda karo dhapukaning swara warna-warna kang mujudake ENGESING PANGKUR.
Kang aran rasaning wong, kayata : rasane Suta, iku dhapukan saka rsaning Luamah, Amarah, Supiyah, Mutmainah, Angen-angen…… sapiturute, kang sawarna-warnane tinaker ing kodrat, dhinapuk, supaya dadi harmonining rasa, kang banjur dijenengake : RASANING SI SUTA utawa ATINE SI SUTA utawa WATAKE SI SUTA.
Kang bisa ngrasakake marang atine si Suta mau, ya si Suta dhewe. Nanging : endi ta kang jeneng si Suta iku, ambak-amabak mung pangaran-aran. Kang jeneng si Suta, wujud anyar, kang sajak jumedhul tanpa sangkan, ewa dene : si Suta ngrasa (ngira nganggo pangrasane) yen dheweke iku kuna makuna wis dadi si Suta. Yen calathu nganggo tembung : AKU, iku kang diarani aku : RASA KASUTAN, kang anyar tekane.
Sarehne saben rasa wis mesthi ana bebakalane (wujude kang nganakake rasa mau, dadi wis mesthi wujuding bleger : ya dhapukaning wujud asli kang maneka warna).
Kang diarani : rasaning wong iku, dhapukaning rasaning sato + rasaning tetuwuhan + rasaning jin + rasaning setan + rasaning dewa + rasaning kapangeranan, sapanunggalane. Sajinis-jinise mawa takeran. Ana dene panakere, iku tumrap sawiji-wijining wong : ora padha. Ana kang kaduk kasatoan, ana kang kaduk kajimane, ana kang kaduk kasetanane, ana kang kaduk kasukmane.
Kang endi kang kaduk. Yaiku kang dikulinakake pakartine (diurip-urip) kulina diempakake dayane.
Rehne wis tetela, yen siji-sijining adon-adon iku KENA DIGAWE BIBIT, dadi tetela uga sadhengah adon-adon watake kudu-kudu makarti terusan, kabeh njaluk URIP, njaluk ANA, njaluk pakan, njaluk empan.
Adeging dhapukan, kang mujudake siji-sijining wong, iku arane : DHIRI.
Tembung DHIRI, nunggal teges karo diri ing basa Indonesia.
Mulane karanan dhiri, awit kadadeyan saka ADEGING dhapukan. Dhapukan mau bareng madeg (berdiri), banjur aran dhiri, kang tegese deg-degan (perdirian), ngemu surasa yen pancen wujud anyar (deg-degan anyar), kang maune ora ana.
DHIRI, uga teges ndhewe (mandhireng). Mulane ka-aranan ndhewe, awit ateges madeg dhewe. Mulane diarani ndhewe (berdiri sendiri) awit ateges deg-deganing rasa nayar, kang rumasa misah saka RASA TUNGGAL (misah saka RASA KAPANGERANAN). Pisahe banjur ngrasa madeg dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku ANA dhewe, ngaku NGERTI dhewe, ngaku kahanan jati, ngaku URIP dhewe, …….. sabanjure ngajak lali marang jejering kahanan kabeh, ngajak ora ngrasa marang lungguhing anyare lan dhapukane, sarta njaluk pepandhingan karo dhiri-dhiri liyane. Mulane mangkono, awit weruh-weruh wis dadi deg-degan, weruh-weruh wis maujud rasa siji, ora nganggo milah-milah adon-adone.
Sarehne dhiri iku ngrasa madeg dhewe (pisah saka rasa tunggal) dadi banjur duwe panganggep (pangandel) yen dhirine iku DUDU KAHANAN ANYAR, mung KABARE bae, anyar, nanging engetan lan rasane : ora tinemu anyare, ora tinemu nyataning anyare. Kang mangkono mau, nganakake rasa kumudu diluhurake kumudu ditresnani utawa disenengi dening dhiri liyane. Rasa mangkono iku ka-aranan : ambeg dhiri utawa watak dhiri.
Kareping tembung : ngegungake dhiri. Tumraping kawruh batin, katembungake : KORUP MARANG DHIRI.
Rehning panganggep kang mangkono mau kliru (dudu panganggep kang nyata, dudu dabenering anggep) dadi banjur katembungake anggep-anggepan, tegese : tetironing anggep, utawa ayang-ayanganing anggep, dudu sajating anggep.
Rasa kang kliru mangkono, nukulake cacad akeh rupa-rupa, kayata : gumedhe, jubriya, tekabur, sumengah, adigang, adiguna, kumingsun, kuminter, sumangkeyan….. akeh tunggale. Empune ana ing rasa dhiri (rasa madeg dhewe rasa misah) mau.
Pang-panging anggep kang kliru mau kayata : isinan, laran aten, cugetan, mesgulan, sugih sak-serik, meren, butarepan, ewan, panasten, drengki……. akeh banget yen dicacahake. Kabeh mau underane utawa telenge ana ing RASA DHIRI (RASA PISAH, RASA MADEG DHEWE).
Rasa dhiri iku kamusrikan kang dhisik dhewe.
Panyudaning watak anggep dhiri, sarana ngupaya pangreten kang terang marang lungguhing anyare lan dhapukane. Kapindhone : Ngurip-urip rasaning Mutmainah kang ngajak bekti marang Pangeran lan welas asih marang sapadha-padha.
Tipising rasa dhiri, nenarik marang bisane ngrasakake marang rasa tunggal, yaiku rasaning manungsa sejati utawa ra ka-Pangeranan.
b. JUMEDHULING WUJUD ANYAR : NGALEKAKE MARANG WUJUD ASLI
tembung di LALEKAKE, iku tegese : rinasa ORA ANA (ora rinasa ana).
Upamane kayata : biru diwori kuning, sawise dadi ijo, si biru lan si kuning sirna tanpa lari, ilang musna ing pandulu, kaganti ing jumedhuling ijo.
Glepung, gula, puhan, uyah, endhog, lan liya-liyane, bareng wis diulet sarta mujudake kuwih mari, kabeh mau banjur sirna saka ing engetan, ilang musna tanpa lari, kasalinan jumedhuling wujud siji thok kang jeneng : kawih mari, tekaning kuwih mari sajak tanpa sangkan, ujug-ujug ana.
Saerhning kabeh adon-adon wis disirnakake saka ing engetan, temahan rasaning adon-adon kang warna-warna mau, (legi, asin, gurih….) rinasa dadi duweke mari. Dadi si mari kang banjur oleh aran : legi, gurih, asin, buket sapanunggalane. Wong banjur clathu : Kuwih mari iku legi, kuwih mari iku asin, kuwih mari iku gurih. Mangkono iku ateges ora ngelingi marang si endhog, si gula, si uyah, si puwan, sapanunggalane.
Bocah mangan panganan, akeh bae kang ngrasakake enake lan ngreti jenenge, nanging ora sumurup kang digawe.
Tunggale iku kayata : rasaning wowohan, kayata : krambil, pelem, kacang………, iku wong kang mangan, kawruhe mung mangkono : Krambil iku gurih, krambil iku rada legi, krambii iku ora asin. Kacang iku gurih, kacang iku rada legi, kacang iku rada asin, kacang iku buket. Adon-adon kang mujudake adeging kacang, ora dipikir, wis cukup sauger ngelingi kacang, ya ora kena dipaido, marga wanuhe marang wujud kang aran kacang iku wiwit cilik. Malah kacange wis cumawis sadurunge sing mangan lair ing donya.
Ing dhuwur iku nyamleng banget dianggo pepethan wujud anyar kang aran : WONG.
Coba katiti priksa, apata : WONG iku?
Manawa katiti priksa, ya jibles “mari” mau.
Adon-adon kasar alus warna-warna : kaulet, mujudake jemedhuling wujud anyar, kang arane : wong. Bareng WONG wis madeg, ananing adon-adon padha sirna tanpa lari saka ing engetan kita.
Dayaning adon-adon warna-warna : nganakake rasa warna-warna. Nanging rasa warna-warna, mau-mau diaku dening wujud anyar, kang aran : wong mau.
Si Uwong sanajan teka anyar-anyaran, ewadene ngakoni marang rasa warna-warna, kang dumunung ing garbane. Upamane wong kang aran mas Wira, kang endita : kang aran mas Wira, ora ana, mung ceciptan utawa esthining engetan. Ewa dene ditetepake nduweni rasa warna-warna, kayata ditembungake : mas Wira pinter, mas Wira rosa.
Engetan wong enggone  lali marang ananing adon-adon mau, kajaba sabab kaling-lingan si-uwong, ana maneh sababe, yaiku : wong donya iku ALUSE KORUP MARANG WADHAGE.
Lumrahing wong, ora ngira yen ana wujud warna-warna. Ora sumurup yen ana kang dadi tukang ngrasa susah, ana kang dadi tukang gething utawa muring, ana kang dadi tukang asih utawa welas, ana kang dadi tukang kelingan, ana kang tukang eling, lan liya-liyane. Iku lumrahe padha ora dingerteni.
Rasaning engetan, rasaning ati, rasaning jasmani, ……ora kinira yen ana wujude. Dikira saka : MAS WIRAbae. Nanging bareng ditakokake endi mas Wirane, ora bisa ndumuk, lan manehe sarehning korup marang kawadhagan, ana kang benyunyak-benyunyuk ndumuk badane wadhag sakojur.
Kajaba mas Wirane disengguh wadhage, rasane kang maneka warna pisan uga disengguh saka wadhage. Kayata : Bisane mikir dikira mung saka dayaning utek. Bisane ndeleng saka dayaning mripat kang sasar. Bisane ngrungu saka dayaning kuping kang awujud daging. Nanging bareng wis diulese, mati apa-apane isih wutuh, teka ora bisa apa-apa, banjur nggraita yen Mas Wirane dudu wadhage.
Adon-adon alus mau padha urip sarta kumudu makarti, siji lan sijine arebut daya. Kang pinuju menang dayane : mecungul dadi pangareping rahsa. Kayata : mas Wira lagi bungah, iku adon-adon kang dadi tukang bungah : mencungul. Adon-adon kang dadi kosok baline bungah : mingslep. Yen mutmainah lagi mecungul, mas Wira lagi becik atine, kayata : tresna marang sapadha-padha, sabar tetulung. Yen amarah  kang lagi timbul, ya mas Wira maneh kang disebut ala atine. Dadi molah-malihing rasa utawa wataking wong iku, ora dielingi saka timbul keleming adon-adon alus. Kang di-elingi wonge, kayata : Mas Wira wingi becik, saiki Mas Wira ala. Mau Mas wira muring, saiki dhangan sarta ngguyu.
c. BEDANE RASA DHIRI KARO RASA PRIBADI
Ing ngisor iki muga rinasakna :
RASA PRIBADI iku ya Rasa Tunggal.
Saben ana RASA DHIRI iku wis mesthi karo RASA PRIBADI. Nanging RASA PRIBADI ora mesthi karo RASA DHIRI. Iku lire : rasa dhiri Mas Wira butuh marang rasa pribadine kang tunggal. Nanging Rasa Pribadi kang tunggal ora butuh marang rasa dhirine mas Wira.
Rasa dhiri iku “negatiefvorm”, tegese : adege butuh katetepake ing liyan, kaya dene dadining ringgit butuh marang salaka, dadining tulisan butuh WONG KANG NULIS. Nanging “salaka” ora butuh ringgit, wong ora butuh tulisn.
Yen wong clathu nganggo tembung AKU, iku kang tinuju dening rasane wong mau : RASA PRIBADI KANG TUNGGAL.
Nanging sarehne pribadi kalingan-kalingan ing rasa dhiri, kaya salaka katutupan ringgite, temah mung dhirine kang RINASA ANA. Uga padha karo ilanging salaka, kasalinan jedhuling ringgit.
Ing ngarep nyebutake : TIPISING RASA DHIRI NARIK MARANG BISANE NGRASAKAKE MARANG RASA TUNGGAL,  iku tetembungane TIPISING RASA DHIRI : rinasakna kang memet kapriye karepe??
KINANTHI
Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, dadi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangreksaning urip.
Marmen den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.

0 komentar:

Posting Komentar

LABEL

kajian (71) koplo (52) KEJAWEN (32) PALAPA (22) HOUSE MIX NONSTOP (20) KOPLO RELIGI (17) KOPLO SERA (17) KOPLO MONATA (14) PENGAJIAN UMUM (14) RAMADHAN (14) RGS (12) sejarah (11) TEMBANG KENANGAN (10) campursari (10) KOPLO ELECTON (9) gending (9) saridin (9) KOPLO NEW COBRA (7) KOPLO SONATA (6) SEJARAH ISLAM (6) TOPRAK (6) KOPLO PANTURA (5) FAKTA DALAM ISLAM (4) IMSAKIYAH RAMADHAN (4) KOPLO LOKAL PONOROGO (4) KOPLO MUSTIKA (4) TIPS (4) dangdut (4) KOPLO AVITA (3) KOPLO RD 26 (3) KOPLO TEPOS (3) SYA'BAN/RUWAH (3) radio streaming (3) ASSALAM RELIGI (2) JARANAN SAFITRI PUTRO (2) KOPLO KANAYA (2) KOPLO NIRWANA (2) KOPLO ONE PALLAPA (2) KOPLO PRIMA (2) KOPLO SABHARA (2) KOPLO SAKATTO (2) KOPLO SAVANA (2) KOPLO SUFEDA (2) LIRIK SHOLAWAT (2) MONATA RELIGI (2) MOTIVASI (2) PALLAPA RELIGI (2) RGS RELIGI (2) SHOLAT (2) 10 JEMBATAN TERPANJANG DI DUNIA (1) 10 JEMBATAN TERPANJANG DI INDONESIA (1) 10 NEGARA TERAMAH DI DUNIA (1) 10 SAMUDRA TERLUAS DI DUNIA (1) 10 SUNGAI TERPANJANG DI DUNIA (1) 10 TEMPAT WISATA KEBANGGAAN INDONESIA YANG TERKENAL DI DUNIA (1) 15 PENEMUAN PERTAMA DI DUNIA (1) ADI LARAS RELIGI (1) AKHIR ZAMAN (1) AL BAROKAH RELIGI (1) AL HATI RELIGI (1) AL HIDAYAH RELIGI (1) AL LADUNI RELIGI (1) AL MUNAJAT RELIGI (1) AMPEL'S RELIGI (1) ANGIN PUTIH BELIUNG (1) ANJENITA RELIGI (1) ARSADA RELIGI (1) ASSYIFA RELIGI (1) BIANGLALA (1) BRICK BRIKAN (1) DAFTAR KEPALA NEGARA DI DUNIA (1) DAFTAR NAMA DANAU DAN WADUK DI INDONESIA (1) DAFTAR NAMA DESA DAN KODE POS DI PONOROGO (1) DAFTAR NAMA KOTA DAN KABUPATEN DI JAWA TIMUR (1) DAFTAR NAMA NAMA ANAK HEWAN (1) DAFTAR NAMA NAMA BANDARA DI INDONESIA (1) DAFTAR NAMA NAMA GUNUNG DI INDONESIA (1) DAFTAR NAMA NAMA MATA UANG DUNIA (1) DAFTAR NAMA NAMA NEGARA DAN IBU KOTANYA (1) DAFTAR NAMA NAMA STADION SEPAK BOLA DI INDONESIA BESERTA KOTA DAN KAPASITAS PENONTON SEKALIGUS KANDANG DARI KLUBNYA (1) DAFTAR NAMA PONDOK PESANTREN DAN ALAMATNYA DI PONOROGO (1) DANGDUT GT JTV SURABAYA (1) DANGDUT JTV (1) DELAPAN SUNGAI TERKENAL DI INDONESIA (1) DHAYANG (1) DHENTA RIA RELIGI (1) DO'A (1) Download dan lirik lagu TAMPANI DHUWITE Cipt.Dalang poer (1) Download lagu TAMPANI DHUWITE Cipt.Dalang poer (1) EL ROSNAWA RELIGI (1) EL SHINTA RELIGI (1) EVIE TAMALA DAN KH AAD AINURUSSALAM (1) FIFA World Cup 2014 DI BRASIL (1) GOYANGO REK (1) HABIB SYEH (1) IDUL FITRI (1) JADWAL IMSAKIYAH RAMADHAN 2014M/1435H (1) JADWAL IMSYAKIYAH RAMADHAN 1436 H / 2015 M (1) JADWAL MOTOGP 2013 (1) JADWAL PERTANDINGAN PIALA DUNIA FIFA World Cup 2014 DI BRASIL JADWAL PERTANDINGAN PIALA DUNIA 2014 (1) JARANAN CITRA BUANA JOMBANGAN (1) JARANAN KUDA BIRAWA (1) JARWO DHOSOK (1) JENENG JENENGE GODONG UTAWO NAMA NAMA DAUN (1) JENENGE ANAK ANAK KEWAN (1) JENENGE ISINE WOH WOHAN UTOWO NAMA NAMA ISI BUAH BUAHAN (1) JENENGE KEMBANG UTOWO NAMA NAMA KEMBANG (1) JENENGE PENTILE WOH WOHAN UTOWO NAMA NAMA BUAH BUAHAN YANG MASIH MUDA (1) JENGKAL PANUWUN RELIGI (1) KAKANG KAWAH RELIGI (1) KALIMOSODO RELIGI (1) KATA KATA DALAM DUNIA MAYA (1) KEUNIKAN KUNANG KUNANG (1) KHOSIDAH CAMPURSARI DJANDHUT (1) KODE AREA TELPON NEGARA DI DUNIA (1) KOPLO ARSIKA (1) KOPLO AXARA (1) KOPLO BALADEWA (1) KOPLO BINARIA (1) KOPLO DIANA (1) KOPLO KI SABRANG (1) KOPLO MADEWA (1) KOPLO MAHKOTA (1) KOPLO NAWANTA (1) KOPLO NEW MAHKOTA (1) KOPLO NEW TW (1) KOPLO OHMABBA (1) KOPLO PANDJALU (1) KOPLO PANORAMA (1) KOPLO PATROLAN (1) KOPLO PERSADA PROBOLINGGO (1) KOPLO PUTRA DEWA ROCK DANGDUT (1) KOPLO RADESTA (1) KOPLO RATNA ANTIKA (1) KOPLO RENA KDI (1) KOPLO RKM (1) KOPLO SAGITA (1) KOPLO SAHARA PROBOLINGGO (1) KOPLO WALI BAND (1) KOPLO WARAS (1) KUSUMA LARAS (1) Kode Plat Nomor kendaraan Bermotor Indonesia (1) LANGEN BUDOYO RELIGI (1) MANDALLA MUSIC PURWANTORO (1) MEKAR SARI DAN TABLA MUSIK (1) MQ TEBU IRENG (1) MUSIK HOLIC (1) NADA UTAMA RELIGI PONOROGO (1) NAMA KOTA SE INDONESIA (1) NAMA NAMA BUPATI PONOROGO (1) NAMA NAMA SUNGAI DI INDONESIA (1) NEOSARI (1) NEW COBRA RELIGI (1) NGAJI BERSAMA MBAH BOLONG/KH NUR HADI (1) NIKMAT HIDUP (1) PADANG BULAN 2 (1) PAKAIAN (1) PALAPA RELIGI (1) PEDANG LEGENDARIS DUNIA (1) PERIBAHASA JAWA (1) PONPES SUNAN DRAJAD RELIGI (1) PRIMA RELIGI (1) PRIMAVERA (1) PUASA (1) PUSPITO LARAS DANGDUT CAMPURSARI (1) PUTRA DEWA RELIGI (1) Pandowo fm Tulungagung Jawa Timur (1) QOSIDAH ANAK (1) RAJAB (1) REBANA DARUSSALAM (1) RENDYSKA (1) RISBA RIA RELIGI (1) ROLLIESTA (1) RUMAH ADAT (1) SAHARA TIMUR RELIGI (1) SAREY DUT DAN MARGOJATI JOLOSUTRO (1) SAWUNGGALING RELIGI (1) SEKAR JAGAD RELIGI (1) SEKAR MAYANG (1) SENJATA TRADISIONAL (1) SERA RELIGI (1) SHOUTUL FATA RELIGI (1) SUKU DI INDONESIA (1) SYI'IRAN WALI VOLUME 2 (1) SYI'IRAN WALI VOLUME 3 (1) TAKBIRAN (1) TARIAN (1) WAHANA RIA RELIGI (1) ZUHRIYA NADA RELIGI (1) didi kempot (1) facebook (1) full dangdut 24 jam (1) lagu nasional (1) lirik lagu TAMPANI DHUWITE Cipt.Dalang poer (1) lirik lagu campursari didi kempot prapatan sleko (1) pas fm Tulungaung (1) prapatan sleko mediun (1) remaja (1) suara giri fm gresik (1) wijaya fm surabaya (1)