Malah kadang kedadian sing wolak walikEsih enom, kesehatan dekorbanaken dinggo golek duwit …
(kakehan pegawaian kelalen mangan, sing paling ringan lara
maag lan ginjel mergane kurang nginum ..)
Wis tuwa, kesugihane dekorbanaken denggo kesehatan …
(mbuh priwe carane, ngendi nggone lan pira mbayare
delakoni sing penting mari..)
Karena banda, kanca dianggep sedulur .. (kanca bisnis lah)
Karena bandha, sedulur dianggep wong liya .. (ora
profitable jarene..!!)
Wong sugih kuat tuku springbed empuk tur larang, tapi ora
bisa turu ….
(lha wong … stress mikir bisnise ..)
Wong mlarat ra kuat tuku springbed empuk, tapi turune
angler malah ngorok ..!! (mungkin kekeselen)
Wong sugih nduwe duwit denggo foya-foya, tapi ora nana
wektu
Wong mlarat nduwe wektu denggo foya-foya, tapi ora duwe
duit
Esih enom nduwe cita-cita urip sugih ben bisa nikmati
sugihe
Wis dadi sugih ora nana wektu nggo nikmati sugihe …
.. ehhh pas nduwe wektu eee umure wis tuwa, dadinei ya ra
nduwe tenaga, wong wis loyo si..
Depikir-pikir, wong urip pancen sing penting kudu
mensyukuri apa bae sing wis dadi nasib lan kersaning Gusti
Allah
0 komentar:
Posting Komentar